20110517

kautamaning laku

1. Wong eling ing ngelmu sarak
dalil sinung kamurahaning
Pangeran.
2. Wong amrih rahayuning
sesaminira, sinung ayating
Pangeran.
3. Angrawuhana ngelmu gaib,
nanging aja tingal ngelmu sarak,
iku paraboting urip kang utama.
4. Aja kurang pamariksanira lan
den agung pangapunira.
5. Agawe kabecikan marang
sesaminira tumitah, agawea
sukaning manahe sesamaning
jalma.
6. Aja duwe rumangsa bener
sarta becik, rumangsa ala sarta
luput, den agung,
panalangsanira ing Pangeran
Kang Maha Mulya, lamun sira
ngrasa bener lawan becik,
ginantungan bebenduning
Pangeran.
7. Angenakena sarira, angayem-
ayema nalarira, aja
anggrangsang samubarang kang
sinedya, den prayitna barang
karya.
8. Elinga marang Kang Murbeng
Jagad, aja pegat rina lan wengi.
9. Atapaa geniara, tegese den
teguh yen krungu ujar ala.
10. Atapaa banyuara, tegese
ngeli, basa ngeli iku nurut
saujaring liyan, datan nyulayani.
11. Tapa ngluwat, tegese
mendhem atine aja ngatonake
kabecikane dhewe.
12. Aprang Sabilillah, tegese
prang sabil iku, sajroning jajanira
priyangga ana prang Bratayudha,
prang ati ala lan ati becik.
Oleh : eshat_madiun