Mustikané wóng tuwo marang
anak múng ono ing laku kang
gumati, gunêm kang rurúh, lan
ujar kang manís.
Gumatiné dumunúng ing têpo
tuladhaníng tingkah laku.
Gunêm lan ujar kawêngku ono
ing ucap kang istingarah numusi
kajiwan, lan luhuríng budi
pêkêrti.
Mula yèn ono opo-opo, ojo sêlak
marang sêbutíng paribasan :
"Ora ono kacang ninggal
lanjaran"