20110727

KAUTAMANING LAKU

.Wong eling ing ngelmu sarak
dalil sinung kamurahaning
Pangeran.
.Wong amrih rahayuning
sesaminira, sinung ayating
Pangeran.
. Angrawuhana ngelmu gaib,
nanging aja tinggal ngelmu sarak,
iku paraboting urip kang utama.
. Aja kurang pamariksanira lan
den agung pangapunira.
. Agawe kabecikan marang
sesaminira tumitah, agawea
sukaning manahe sesamaning
jalma.
. Aja duwe rumangsa bener
sarta becik, rumangsa ala sarta
luput, den agung,
panalangsanira ing Pangeran
Kang Maha Mulya, lamun sira
ngrasa bener lawan becik,
ginantungan bebenduning
Pangeran.
. Angenakena sarira, angayem-
ayema nalarira, aja
anggrangsang samubarang kang
sinedya, den prayitna barang
karya.
. Elinga marang Kang Murbeng
Jagad, aja pegat rina lan wengi.
. Atapaa geniara, tegese den
teguh yen krungu ujar ala.
. Atapaa banyuara, tegese
ngeli, basa ngeli iku nurut
saujaring liyan, datan nyulayani.
. Tapa ngluwat, tegese
mendhem atine aja ngatonake
kabecikane dhewe.
. Aprang Sabilillah, tegese
prang sabil iku, sajroning jajanira
priyangga ana prang Bratayudha,
prang ati ala lan ati becik.
__Oleh : eshat_madiun__

Tidak ada komentar:

Posting Komentar